GAMELAN KARAWITAN Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka dhaérah liya, yèn musik gamelan Jawa umumé nduwé nada luwih lembut lan nganggo témpo luwih alon, béda karo musik gamelan Bali sing témponé luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musiké mendayu - dayu lan di- dominasi swara suling. Amarga iku, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwé 2 laras yaiku Gamelan Sléndro lan Gamelan Pélog . Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada, yaiku 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduwe 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5 nada ( penta = 5, tone = nada). Laras yaiku swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada , sistem nada / tonal system . Laras Slendro...