GAMELAN KARAWITAN
Gamelan iku
salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga
Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik
gamelan saka dhaérah liya, yèn musik gamelan Jawa umumé nduwé nada luwih
lembut lan nganggo témpo luwih alon, béda
karo musik gamelan Bali sing témponé luwih cepet, uga gamelan Sundha sing
musiké mendayu-dayu lan di-dominasi swara suling. Amarga
iku, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku
nduwé 2 laras yaiku Gamelan Sléndro lan Gamelan Pélog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora
ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada,
yaiku 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduwe 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono,
gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5 nada (penta = 5, tone =
nada).
Laras
yaiku swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistem
nada/ tonal system. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut
cendhek-dhuwure lan interval
saka gamelan slendro, semono uga
laras pelog (Pl.). Titi
laras yaiku notasi nada kang ditulis manut sistem nada
laras lan pathete. Dene pathet (Pt.)yaiku
ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet
Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog
yaiku, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.). Kanggo
gambaran bab pathet, iki grambyangane:
-
laras slendro: pathet Nem 6-2 (6---5--3--2), tangga nadhane (2-----= 3 5 6 ! @), pathet Sanga 2-5
(@-!-6-=+-5)tangga nadhane (t- y 1 2 3 5), pathet Manyura 3-6 (# @ ! 6), tangga nadhane (y 1 2 3 5 6).
-
laras pelog: pathet Lima tangga nadhane (t y 1 2 4 5),
pathet Nem tangga nadhane (2 3 5 6 ! @), lan pathet Barang tangga nadhane (y u
2 3 5 6).
Instrumen Gamelan Jawa nduwé
aturan-aturan kang pakem, antarané saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé,
kayata kang murba lagu yaiku rebab, gender, bonang, suling, gambang; kang
mangku lagu yaiku celempung, siter, lan balungan (slenthem lan saron); kang murba
irama yaiku kendhang, bedhug, dhodhogan; lan kang mangku irama yaiku kempul,
gong, kethuk, kenong, kempyang, kemanak, kecer. Dene arané pemain sing nabuh
gamelan iku lumrah kasebut panayaga utawa nayaga/wiyaga, sing nembang arané
pesindhèn utawa wira-swara/swarawati. Ing ngisor iki andharan singkat bab perangkat gamelan:
BONANG
Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan
kang wujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris
gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana
10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan
pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, yaiku
bonang panembung kang wujude paling gedhe, bonang barung kang wujude luwih
cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka bonang kang cilik
dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani asiling swara/karakter
bonang siji lan sijine. Bonang kang asring kanggo mbukani gendhing yaiku bonang
barung.
CELEMPUNG LAN SITER
Celempung iku
piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11
lan 13 pasang. Celempung iki, bebarengan karo siter dadi piranti utama ing
gamelan. Ing pagelaran gamelan, piranti iki kalebu kelompok penerusan lan nduwe
tempo kang padha garo gambang yaiku tempo cepet. Ukuran celempung dawane
kira-kira 90 cm, nduwe 4 penyangga. Dadi, dibanding siter, celempung iku
kira-kira ping telu luwih dawa. Celempung disetel pasangan ing laras pelog lan
slendro. Nada celempung iku saoktaf ing ngisore siter cendheke.
GAMBANG
Wujud gambang iki meh padha saron
ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu. Jaman mbiyen ana
gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam, nanging saiki wis ora ana
maneh. Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih gedhe
iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20
wilah. Dene tabuh gambang iku luwih dawa dibandhing tabuh liyane yaiku
kira-kira 35 cm.
GENDER
Gender iku
perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana
tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung/silinder iku
umume digawe saka pring lan wesi tipis. Gender iki
wujude meh padha karo Slenthem.
KEMPUL
Kempul iki
biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahe gumantung
jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter
umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong,
kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
GONG
Gong iku
piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan, lan nduwé ukuran kang
gedhé dhéwé. Piranti iki biasané dipapanaké ing mburi dhéwé, digantung ing
gayor kang umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong
ageng lan gong suwuk. Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing
tengah-tengah. Gong nduwé swara kang gedhé dhéwé lan nadhané paling cendhek
tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing
bagéyan tinentu (umumé akhir) iringan musik gamelan Jawa, dadi arang banget
ditabuh (ora terus-terusan) nanging ditabuh ing selang wektu tinentu. Prangkat
musik tradhisional iki uga nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian
utawa pambukaan acara.
Gong ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diametere
udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng lan gong suwuk iku
biasane digantung ing bagian mburi. Wujud gong ageng padha karo gong umume
yaiku bunder. Gong ageng iki nduwe nada paling rendah dibanding swara
piranti gamelan liyane lan ditabuh kanggo tandha akhir gendhing kang umum
diarani gongan.
Gong
Suwukan utawa siyem iku perangkat gamelan kang
ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter
50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku biasane
digantung ing bagian mburi bareng karo gong ageng. Wujud gong
suwuk iki padha persis karo gong ageng nanging ukurane luwih cilik. Gong suwuk
iki nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng.
KENDHANG
Kendhang
iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji
(dikebuk). Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang
disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih
lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh.
Kendhang iku ukurané luwih cilik tinimbang bedhug. Kendhang iku wujude ana kendhang ageng/gedhe/gendhing, kendhang
ketipung, kendhang ciblon/batangan, lan kendhang sabet/kosek/wayang. Swara
kendhang umume yaiku: dlang, dlong, dhah, dheng/nggen,
thung, ket, tong lan tak. Jinising swara iku metu
saka carane nabuh kang beda-beda.
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane (kerep
disebut kendhang gedhe) dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iki uga
ngasilake swara kang cendhak dhewe tinimbang kendhang liyane. Ana sebutan kendhang
satunggal yaiku kendhang ageng iki ditabuh dhewekan, lan kendhang kalih
yaiku kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung (kendhang loro).
Kendhang
ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang kang
cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane.
Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara ketipung iki padha
karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang
beda-beda.
Kendhang
batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe
ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang
sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki
uga umum disebut kendhang ciblon. Kendhang ciblon biasane
ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing. Swara kendhang batangan padha
karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang
beda-beda.
Kendhang
wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe
ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng ning luwih gedhe
sithik dibandhing ciblon. Kendhang sabet ngasilake swara
kang luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki biasane ditabuh
kanggo ngiringi pagelaran wayang. Swara kendhang wayangan pada karo swara
kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.
KENONG
Kenong
iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi
cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong nduwe ukuran sing
paling gedhe.
KETHUK LAN KEMPYANG
Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan,
dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.
Rancakan kethuk-kempyang iku luwih cendhek dibandhing
kenong.
REBAB
Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara
nabuhe dikosok (gesek). Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu,
lan uga kanggo mbukani gendhing.
SARON
Saron iku
prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana
3 jinis saron yaiku: Saron Demung, Saron Barung/Ricik, lan Saron
Penerus/Peking).
Saron Demung iku jinis saron kang paling gedhe
ukurane. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron (balungan)
yaiku ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm. Ing kelompok
saron/balungan, saron demung iku ngasilake swara paling cendhek.
Saron barung utawa saron Ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah yaiku
antarane peking lan demung. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibandhing saron
penerus ning luwih cilik dibandhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur
swarane, ukurane luwih cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf
dibandhing saron demung.
Saron panerus (Peking) iku jinis saron kang paling cilik. Wilah saron panerus iku
luwih cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahané luwih kandel.
Wilah kang luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus kang
paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus ngasilake swara
luwih dhuwur saoktaf dibandhingaké karo saron barung.
SLENTHEM
Slenthem iku
kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan
liyane (saron). Wujud slenthem iki meh padha karo gender.
SULING
Suling iku
kalebu piranti musik kang disebul, fungsiné kanggo variasi melodi. Ing musik
gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring, dawané kira-kira setengah meter.
Swara suling diasilaké saka rongga angin digeteraké liwat sebulan angin.
Frekuensi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
KEMANAK
Kemanak yaiku perangkat gamelan kang wujude memper
gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh
kanggo ngiringi bedhayan.
KECER
Kecer yaiku perangkat gamelan ditangkubake ing
pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing
pagelaran karawitan.
(Kapethik saking: http://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/17/serat-wedhapradangga/, kanthi ewah-ewahan saperlunipun).
Komentar
Posting Komentar