Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2018
SERAT JAW A Layang utawi nawala inggih menika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah satunggaling  piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih menika : a. Surat (layang) resmi, b. Surat ( layang ) dinas, c. Surat ( layang) niaga, d. Surat (layang) pribadhi. Layang resmi, dinas, lan niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika wujudipun kadosdéné layang limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang menika kalebet layang pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau dipunginakaken pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi sanès perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung...
CERKAK Hakikat Cerkak Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak cendrung padhet saha langsung wonten ancasipun, bilih dipuntandhingaken kaliyan karya-karya fiksi ingkang langkung dawa, kados dene Novella (kanthi teges modhern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken  teknik-teknik  sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha  insight  kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung dawa.   Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos  lisan  ingkang wisuwur. Cariyos-cariyos kasebat adatipun kaaturaken kanthi wujud geguritan ingkang wonten wiramanipun. Wirama kasebat nggadhahi paedah minangka piranthi kangge tetulung supados tiyang saged ngeling-ngeling cariyosipun. Perangan cekak saking cariyos-cariyos menika punjeripun saking perangan naratif ingkang kaaturaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak....
SOAL KELAS XI SEMSTER II 1.     Jurnal menika asalipun saking basa prancis jounal ingkang tegesipun... a.     Cathetan padinan b.     Cathetan penting c.     Pawarta padinan d.     Pawarta penting e.     Pepeling padinan 2.   Seratan jurnalistik menika dipunlebetaken ing seratan non fiksi amargi seratanipun menika adhedhasar... a.     Fakta saha argumentasi b.     Fakta saha data c.     Karangan bebas d.     Opini subjektif panyerat e.     Pitutur luhur 3.     Ciri-cirinipun seratan jurnalistik ing antawisipun inggih menika... a.     Fiksi, faktual, sanes khayalan b.     Non fiksi, sanes khayalan, faktual c.     Fiksi, khayalan, faktual d.     Sanes khayalan, fiksi, faktual e.     Sanes khayalan, fiksi, aktual...