SERAT JAWA
Layang utawi nawala
inggih menika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah
satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut
basa, wos, sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih
menika :
a. Surat (layang) resmi,
b. Surat ( layang ) dinas,
c. Surat ( layang) niaga,
d. Surat (layang) pribadhi.
Layang resmi, dinas, lan
niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan.
Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika wujudipun kadosdéné layang
limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang menika kalebet layang
pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau dipunginakaken
pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi sanès
perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang
pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket
dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung kaiket dening peprenah
antawisipun ingkang ngintun layang saha ingkang dipunkintun layang. Nanging
basanipun layang pribadhi saged ngoko saged ugi krama gumantung kalungguhanipun
tiyang ingkang dipunkintuni serat. Menawi ingkang dipunkintun layang menika
kanca sapadha - padha utawi paprenahé langkung anem, layang saged dipunserat
nganggé basa ngoko. Ananging bilih ingkang nampi layang peprenahipun langkung
sepuh utawi inggil kalungguhanipun, prayoginipun layang kalawau dipunserat
nganggé basa krama.
Sanajan layang pribadhi
gadhah kalodhangan babagan basa saha perkawis ingkang dipunrembag, layang
pribadhi boten kenging nilar subasita saha tata krama. Layang pribadhi ugi
kedah kaserat kanthi cetha, gampil dipunmangertosi dening ingkang nampi layang.
Kanthi kados mekaten layang wau boten ndadosaken bingung saha kesalahpahaman,
utamanipun kanggé ingkang nampi layang.
A. Wujuding
Serat Jawa
Wujud serat Jawa menika manéka warni
antawisipun:
1. Serat Ulem (Undangan)
Serat ulem inggih menika serat ingkang
isinipun atur dhumateng tiyang sanès, amargi badhé kagungan
hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha
papan ingkang sampun katemtokaken. Tuladha serat ulem inggih menika:
a) Tanggap warsa (ulang tahun)
b) Tasyakuran
c) Supitan
d) Serat ulem mantu, lsp.
2. Serat kitir
Serat kitir inggih menika serat ingkang
isinipun cekak aos, menapa perlunipun kémawon. Tuladhanipun telegram, memo,
lsp.
3.Serat lelayu
Serat lelayu inggih menika serat ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang.
4. Serat iber-iber
Serat iber-iber inggih menika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab
ingkang dipunandharaken saged menapa kémawon.
B. Péranganipun Serat Jawa
Serat Jawi ingkang ganep nggadhahi
pérangan utawi bagian antawisipun:
1.Satata Basa, (serat katujokaken)
alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa ing inggil.
2.Adangiyah, tembung pamuji rahayu
upaminipun:
a. Rinengga sagunging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. Purwaka, nelakaken pawarta
kaslametanipun ingkang ngintun serat saha pangajeng-ajeng supados ingkang
dipunkintun serat ugi slamet.
4. Surasa Basa, wosipun serat,
kekajenganipun serat.
5. Wasana Basa, pungkasaning layang,
tuladhanipun:
Cukup seméné dhisik liya wektu disambung
maneh.
6.Titi Mangsa, nelakaken wekdal
panyeratanipun serat. Tuladha: Parakan, 21 Agustus 2008
7. Peprenahan, asalipun serat saking
sinten, tuladha:
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c. Adhimu saka paran, lsp
8. Tapak Asma / Tandha Asma, Tanda
tangan ingkang damel serat.
9. Asma Terang, asma terang ingkang
damel serat.
Tuladha serat
Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)
Kanthi lumantaring serat punika, kula
ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginanjar wilujeng nir
ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi-mugi
kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang
putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikala dinten
Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken kanggé prabéya sekolah.
Tirahanipun kanggé nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi
priksa bilih sekedhap malih badhé tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing
berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi
biji ingkang saé, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyin serat
kula, sanès wekdal dipunsambet malih. Menawi wonten kirang trapsilaning atur
dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira
Adangiyah Nelakaké, Unggah-ungguhing
Layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur
tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajèni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom,
utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang
perlu diajèni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang
wong enom kang diajèni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang
anak putuné dhéwé utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé.
6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang
para luhur, nadyan pangkaté padha.
7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom
marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong
enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon
marang kakungé.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa
kang diajèni (dibektèni), umpamané: marang ipéné kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang
Gustiné Pamuji, umpamané: karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging
pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku
kabèh, satemené mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana
pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.
a. Tuladha Serat Ulem Wisudhan
Sleman, 21 Agustus 2011
Katur
Panjenenganipun Bapak Drs. Subagyo Sastra
W.
Ing Bantul
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kanthi puja puji hastuti, sinartan
sagunging pakurmatan, lumantar serat menika keparenga kula angrerantu rawuh
panjenengan wonten ing:
Dinten : Jum’at Legi
Titimangsa :
01 September 2011
Wanci : Tabuh 09.00 WIB
Papan : Gedung Grha Sabha Pramana
Bulaksumur
Adicara :
Wisudha Pawiyatan Pranatacara tuwin Pamedhar Sabda Yayasan Kirti
Sanggyaning warga Panitya miwah Pengurus
Yayasan Kirti atur gunging panuwun awit saking kawigatosan saha rawuhipun
panjenengan.
Nuwun,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Pangarsa
Yayasan
Ki
Pramana Sabda Gaotama
b. Tuladha Ulem Pawiwahan
Nambut sisahaing akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 September 2011
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Kemis Kliwon,
14 September 2011
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta,
1 September 2011
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun
rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula
pengantèn kekalih, mbénjing ing:
Dinten :
Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 14 Desember 2011
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Tanggal : 14 Desember 2011
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh
saha paring berkah pangèstu, kula ngaturaken
agunging panuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
KRT. Tedjaningrat Kekalih
c. Tuladha
Serat Prajanjen
Ingkang tandha tangan ing
ngandhap menika, kula Raden Mas Antawiryana, pensiunan guru SD Negeri
Karangnangka, Sidaluhur, Sidamukti, Wanasaba, gegriya ing Dhusun Karangnangka,
Kalurahan Sidaluhur, Kecamatan Sidamukti, Kabupaten Wanasaba, Jawa Tengah,
aprajanji:
1. Wiwit
surya kaping 1 Januari 2009 kula ngakeni ngenggeni dalemipun sedherek R.
Gunasatata ing kampong Karangpajaten Kalurahan Sidamulya, Sidamukti, Wanasaba.
2. Kula
sagah nyukani arta pasewan kathahipun Rp. 2.000.000,-(kalih yuta rupiyah)
ingkang sawetawis kathahipun kalih atus seket ewu rupiah sampun kula aturaken
minangka pratandha dados (uang muka) rikala surya kaping 20
Desember 2009. Wondene kirangipun ingkang sayuta pitung
atus seket ewu rupiah badhe kula aturaken ing surya kaping 28
Desember 2009.
3. Upami
ing surya kaping 28 Desember 2009 menika kula mboten saged ngaturaken arta
jangkepipun menika wau (angka 2), anggen kula badhe nyewa kaanggep batal saha
arta ingkang sampun kula aturaken sampun dados hakipun sadhèrèk
Gunasatata.
4. Sasampunipun
kalh taun kaetang saking surya kaping 1 Januari 2004, griya kasebat, hakipun
dados kagunganipun sadherek Gunasatata saha kula mboten hak ngenggeni malih.
Wanasaba, 24 Desember
2011
Kula ingkang tandha tangan
Raden Mas Antawiryana
Raden Mas Antawiryana
Anyekseni:
Lurah Desa Sidaluhur
Drs. Danuwiyan
Lurah Desa Sidaluhur
Drs. Danuwiyan
d. Tuladha
Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 28 November 2011
Pukul 09.00 enjing
ing Dokter Supit Padmasuri
Jl. Krapyak Ngadiwinatan
Jumuah Wage, 28 November 2011
Pukul 09.00 enjing
ing Dokter Supit Padmasuri
Jl. Krapyak Ngadiwinatan
Ngayogyakarta,
1 November 2011
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan
sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjing ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2009
Pukul : 09.00 enjing
Papan : Gedung Serbaguna Kecamatan Mantrijeron Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2009
Pukul : 09.00 enjing
Papan : Gedung Serbaguna Kecamatan Mantrijeron Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
Sela Darmaji Kekalih
e. Kitir
Lelayu
Innalillahi wa inna
ilaihi roji’un
Sampun tinimbasaha
sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika
dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2011 pukul 11.50
siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe
kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang
Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2011 pukul
14.00
Ngayogyakarta, 24
Desember 2011
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita
(garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
Komentar
Posting Komentar