Langsung ke konten utama
CERKAK
  1. Hakikat Cerkak
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak cendrung padhet saha langsung wonten ancasipun, bilih dipuntandhingaken kaliyan karya-karya fiksi ingkang langkung dawa, kados dene Novella (kanthi teges modhern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung dawa.  
Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang wisuwur. Cariyos-cariyos kasebat adatipun kaaturaken kanthi wujud geguritan ingkang wonten wiramanipun. Wirama kasebat nggadhahi paedah minangka piranthi kangge tetulung supados tiyang saged ngeling-ngeling cariyosipun. Perangan cekak saking cariyos-cariyos menika punjeripun saking perangan naratif ingkang kaaturaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak. Sedaya cariyosipun tembe kemawon saged dipunmangertosi rikala sedaya cariyos menika sampun dipuncariyosaken.
Wujud sanes saking cerkak inggih menika anekdot. Anekdot menika popular rikala jaman Romawi. Anekdot menika nggadhahi pungsi kados dene saloka, minangka cariyos realistis ingkang cekak, ingkang nggadhahi setunggal ancas utawi piweling.
            Cerita cerkak adatipun kirang kompleks tinimbang Novel. Cerkak adatipun cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen, nggadhahi setunggal plot utawi alursetting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Bilih diwujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyos cendrungipun nggadhahi suraosing unsur tartamtu saking struktur dramatis, inggih menika Eksposisi (ingkang nglantarken Setting, wekdal saha paraga utama), Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga utama anggenipun tumindak rikala ngadepi konflik), klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken) saha bab moralipun.
            Amargi cekak, cerkak saged nggadhahi pola ajeg saged ugi boten. Kados dene cariyos-cariyos ingkang langkung dawa, plot saking cerkak ugi nggadhahi klimaks. Ananging wasananing cariyos saking saperangan cerkak adatipun bebas saha saged ugi ngandhut piweling.
  1. Unsur-unsur karya sastra prosa cerkak
Titikan cerkak beda-beda miturut ingkang ngganggit. Cerkak nggadhahi kalih unsur inggih menika: 
1.   Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsure intrinsik:
a.   Tema iggih menika undering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos.
b.   Latar (Setting) inggih menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos menika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, kapan kadadosanipun saha swasana sarta kahanan menika kadadosan.
c.   Alur (Plot) inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Alur kaperang dados 3 inggih menika:
1)    Alur Maju inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
2)    Alur Mundur inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampahipun mundur.
3)    Alur campuran inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur
Alur menika kaperang dados pinten-pinten tahapan, inggih menika:
1)  Pangantar inggih menika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
2)  Wiwitaning perkawis inggih menika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
3)  Klimaks inggih menika perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
4)  Antiklimaks inggih menika perkawis sekedik mbaka sekedik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
5)  Resolusi inggih menika perkawis sampun saged karampungaken.
d.   Watak inggih menika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak menika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih menika:
1)  Pacelathon paraga
2)  Gegambaraning paraga
3)  Gegambaraning blegeripun paraga
e.     Nilai (amanat) inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos.
2.   Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih menika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging nggadhahi pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos menika. Unsur ekstrinsik menika:
a.    Nilai – nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.    Latar belakang gesangipun panganggit
c.    Kahanan sosial rikala cariyos menika dipundamel
Nemtokaken menapa ingkang saged dipundadosaken titikan anggenipun milah cerkak saking format cariyos fiksi sanesipun ingkang langkung dawa taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satuggaling definisi kuna saking cerkak inggih menika kedah saged dipunwaos kanthi sekali duduk. Definisi-definisi sanesipun nyebataken cekak saha dawanipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih menika 7.500 tembung. Ananging bilih katingal saking karya kontemporer bilih cerkak menika umumipun karya fiksi ingkang dawanipun boten langkung saking 20.000 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung. Cariyos ingkang cacahipun kirang saking 1.000 tembung kagolong genre fiksi kilat (falsh fiction). Cariyos fiksi ingkang nglampahi batas maksimal saking parameter cerkak kagolong novelette, novella utawi novel.
Tuladha cerkak
Raden Rangga
Satunggaling dinten ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe Panembahan Senapati diadhep putrane.
“Apa sira ngerti, sebabe daktimbali Rangga?” Pandangune Panembahan Senapati.
“ Boten Rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kedah kula tindakaken?”
“Sewengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti samparanku?” Pandangune ingkang rama.
Raden rangga nyembah, banjur wiwit mijeti samparane ramane, sinambi dipijeti, Panembahan Senapati nerusake pangandikane.
“Rangga, sira kudu sadhar, yen sing koktindakake wingi kae dudu tumindak kang becik, sanajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga tumbak Manggala Tuban iku putung, lan sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe utusan Sultan Hadiwijaya padhang, uga kok ambali maneh marang utusan Banten.
Yen tumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi ing antarane aku lan mitraku. Aku samar yen tumindakmu iku bisa gawe cilakane awakmu dhewe.  Sira kudu ngerti yen ana gunung dhuwur, isih ana gunung liyane sing ngluwihi dhuwure. Coba putungen drijiku yen kowe rumangsa sekti.
Raden Rangga rumaos serik manahipun, rumaos dipunece dening ramanipun, lajeng nyobi mutung drijinipun keng rama, nanging boten saged.
Rangga paribasane Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti, sakabehing wujud tumindak ala lan angkara murka iku bakal sirna kanthi luhuring budi lan tumindak utama, tumindakmu iku ora becik, kumalungkung, apa ta sing sira goleki ing panguripan sira iku? Uripe mangungsa ora suwe, bakal abadi ing alam sawise mati, becike sira singkiri tumindak sing ala lan seneng pamer iku. Adhuh… Rangga kok apakake sikilku iki, rasane kok panas banget?”
Samparane ramane dipijet sakatoge, minangka tandha yen Raden Rangga boten remen  pangandikanipun keng Rama. Panembahan Senapati enggal nendhang Raden Rangga ngangge Samparanipun, saengga Raden Rangga mencelat medal nabrak beteng kraton ngantos jebol lan dhawah ing desa Depokan (samenika mapan ing kidul Bonbin Gembiraloka).
Raden Rangga lajeng mlajar nilar Mataram, Piyambakipun ngertos menawi ramanipun duka sanget. Kesahipun tumuju ing Pati daleme pamanipun Wasis Jayakusuma. Nalika menika pamanipun nembe lenggah siniwaka kaadhep para nayaka ing pendhapa kadipaten. Adipati Wasis ngawe, supados Raden Rangga nyelaki paman. Ing salebeting pendhapa wonten sela ageng ingkang boten saged dipunpindhah nalika pendhapa kabangun, sebab boten wonten mergi sanes. Raden Rangga nerjang sela ageng wau saengga sela wau ajur rata kaliyan siti. Sedaya ingkang wonten sami gumun. Raden Rangga lajeng mapan sawetawis ing Pati ndherek pamanipun.
Amargi sampun sawetawis ing Pati, Raden Rangga rumaos kasepen, boten saged dolanan gatheng, watu bunder 50 kg. Piyambakipun jeleh lajeng nimbali dhateng satunggaling prajurit regol:
“Paman apa ing kene ana wong sing sekti ngluwihi aku?”
“Wonten Raden, satunggaling pertapa ingkang sumendhe ing wit, lan elok, wit asem wau dados garing lan pejah.”
Raden Rangga lajeng dipundugekaken ing pertapa kasebat, lajeng nyuwun pirsa dhateng pertapa.
“He, sang atapa jawaben pitakonku iki, apa sejatine tujuwan wong urip iku lan kepiye nasibku sesuk?”
Sarehne ingkang disuwuni pirsa mèndêl mawon, sang atapa lajeng dipuntendhang dhawah klumah, saderengipun tekaning seda, pertapa mangsuli lan sepata :
“He bocah enom sing ora ngerti tata krama, wong urip iku mung bekti lan ngawula marang Gustine, dene nasibmu ora bakal suwe uripmu, yen sesuk ing Mataram ana ula gedhe kang gawe gendra yaiku kang bakal males tumindakmu sing seneng milara.”
“Aku ora wedi, saiki kena, sesuk ora dadi apa,” wangsulane Raden Rangga kumaki.
Sedaya kedadosan ingkang dipunalami ing Pati dipuncariyosaken dhateng Ramanipun ing Mataram. Raden Rangga lajeng kadhawuhan meguru ngaji dhateng eyangipun Ki Juru Martani, supados sampurna ngelmunipun. Sinaosa ing salebeting manah boten remen, Raden Rangga nurut kemawon.  Saduginipun ing daleme Ki Juru Martani, Raden Rangga nengga Ki Juru Martani nembe shalat luhur, sinambi mbolongi jun ngangge drijinipun. Toyanipun dados mancur, Raden Rangga rumaos remen manahipun. Ki Juru Martani Priksa lajeng ngendika :
“Thole Rangga apa drijimu ora lara, watu iku rak atos?”
“Boten eyang, menika watu empuk sanget.”
“Atos, watu iku atos.” Ngendikane Ki Juru Martani.
Sanalika sela dados atos, astanipun Raden Rangga kraos sakit. Raden Rangga rumaos klentu lajeng kersa meguru dhateng eyangipun, dipunwulang tata krama lan budi pekerti luhur lan ngemu utama.

Satunggaling dinten Raden Rangga kadhawuhan nyingkiraken ula ageng ingkang ngganggu warga ing Patalan Bantul. Ula ingkang ngubet sariranipun saged dipunkawonaken, ula pejah amargi endhase dikeplak ajur dados sawalang-walang. Raden Rangga boten ateges menang, sariranipun kraos lungkrah, balungipun remuk kados dipunlolosi nalika dipungubet ula, wekasan Raden Rangga seda, trep kados sabdanipun sang atapa ingkang dipunpilara tanpa dosa.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT JAW A Layang utawi nawala inggih menika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah satunggaling  piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih menika : a. Surat (layang) resmi, b. Surat ( layang ) dinas, c. Surat ( layang) niaga, d. Surat (layang) pribadhi. Layang resmi, dinas, lan niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika wujudipun kadosdéné layang limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang menika kalebet layang pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau dipunginakaken pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi sanès perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung...

Pranatacara

Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut nglestantunaken kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep gadhah kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara. Pranatacara inggih menika p araga ingkang gadhah jejibahan mranata lam p ah utawi ngatur titilaksana utawi urut-urutani p un lam p ah saderengi p un tuma p ak ing satunggali p un p asamuan, p e p anggihanm wiwahan, p are p atan, ls p. ...