Langsung ke konten utama

SOAL KELAS XI SEMSTER II

1.    Jurnal menika asalipun saking basa prancis jounal ingkang tegesipun...
a.    Cathetan padinan

b.    Cathetan penting

c.    Pawarta padinan

d.    Pawarta penting

e.    Pepeling padinan

2. Seratan jurnalistik menika dipunlebetaken ing seratan non fiksi amargi seratanipun menika adhedhasar...
a.    Fakta saha argumentasi
b.    Fakta saha data
c.    Karangan bebas
d.    Opini subjektif panyerat
e.    Pitutur luhur

3.    Ciri-cirinipun seratan jurnalistik ing antawisipun inggih menika...
a.    Fiksi, faktual, sanes khayalan

b.    Non fiksi, sanes khayalan, faktual

c.    Fiksi, khayalan, faktual

d.    Sanes khayalan, fiksi, faktual
e.    Sanes khayalan, fiksi, aktual
4.    Jenis karya jurnalistik ingkang misuwur minangka seratan akademis menika dipunwastani...
a.    Opini

b.    Kolom

c.    Esai

d.    Seratan ilmiah

e.    Seratan ilmiah populer

5. Jenis seratan ingkang nyariyosaken satunggalipun kawontenan inggih menika...

a. Narasi

b. Dekripsi 

c. Argumentasi

d.    Eksposisi
e.    Persuasi
6.    Tuladha irah-irahan seratan narasi inggih menika...
a. Pengaruh aspartam ing vitamin anak

b. Pengajian rabu pungkasan

c. Kaelokaning pesisir Baron

d. Caranipun damel susu dele 

e. Legendha Jaka Tingkir

7. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika nyerat seratan jurnalistik, kejawi...
a. Kertasipun sae
b. Ukaranipun runtut

c. Seratanipun cetha

d.Basanipun baken

e. Temanipun kathah

Kagatosna tuladha seratan jurnalistik ing ngandhap menika!

        Bakpia PathukPanjenengan para wisatawan ingkang asalipun saking jaban Yogyakarta lan wis kulina tindak Yogya methi wis ora pangling karo panganan nyamikan siji iki, yaiku bakpia. Nalika panjenengan plesir ing Yogya lan arep kundur menyang daleme dhewe-dhewe, kaya-kaya ngasta oleh-oleh khas Yogya iku hukume wajib. Dene yen panjenengan kondur saka plesiran kok ora ngasta oleh-oleh, bisa dianggep durung plesir menyang Yogya utawa malah-malah dianggep medhit. Panganan bakpia khas Yogya, bisa dadi salah sawijining oleh-oleh dening para wisatawan kang mentas wae plesir ing Yogyakarta. oleh-oleh bakpia kasebut kaangep panganan kang merakyat amarga mratah ing ngendi-ngendi papan, golekane gampang, murah, lan sing cetha enak rasane.....(Kapethik saking Sempulur edisi 4/ 2010 kanthi ewah-ewahan sawetawis)

8.    Pethikan seratan jurnalistik ing nginggil menika kalebet seratan...
a.    Artikel
b.    Opini
c.    Kolom

d.    Resensi

e.    Esai
9. Wosipun seratan wacana jurnalistik ing nginggil inggih menika...

a.    Bakpia pathuk minangka oleh-oleh khas Yogyakarta kang merakyat

b.    Bakpia minangka oleh-oleh khas kang wajib tumrap wong saka Yogyakarta

c.    Bakpia minangka nyamikan kang merakyat khas saka Yogyakarta
d.    Bakpia pathuk minangka panganan kang murah lan enak rasane

e.    Bakpia pathuk wis ora dipanglingi maneh tumrap para wisatawan saka Yogayakarta

10. Miturut isi seratan wacana ing nginggil menika, meawi wonten tiyang plesir ing Yogyakarta nanging boten beta oleh-oleh menika saged dipunwastani...
a.    Durung sida plesir

b.    Ngirit

c.    Eman-eman

d.    Biasa
e.    Kulinten
11. Ing ngandhap menika jenis seratan ingkang boten kedah ngginakaken paugeran ingkang gumathok inggih menika serat...
a.    Resmi

b.    Niaga

c.    Dinas

d.    Iber-iber

e.    Ulem
12. Beda antawisipun serat dinas saha serat iber-iber inggih menika ing perangan...
a.    Kop surat
b.    Satata basa

c.    Purwaka

d.    Peprenahan

e.    Pakurmatan
13. Basa ingkang dipunginakaken ing salebetipun serat pribadhi menika gumantung ... tiyang ingkang dipunkintuni serat.
a. Kalenggahan

b. Padamelan

c. Bandha

d. Tindak-tanduk

e. Akhlakipun
14. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang nedahaken kenging menapa serat pribadhi kedah kaserat kanthi cetha saha boten nilar tata krama, kejawi...
a.    Supados boten damel bingung

b. Supados boten damel salah paham

c. Supados gampil dipunmangertosi ingkang nampi

d. Supados ngajeni ingkang dipunkintuni serat

e. Supados ngunggulaken ingkang ngintun serat

15. Kepareng matur dhumateng bapak saha ibu bilih menawi boten wonten alangan, wulan ngajeng kula badhe ngayahi Ujian Nasional. Awit saking menika kula nyuwun tambahing doa pangestu supados kula saged ngayahi jejibahan menika kanthi lancar saha saged lulus kanthi asil ingkang sae.
Pethikan serat ing nginggil menika wonten ing perangan...

a.    Purwaka basa

b.    Wasana basa

c.    Pepreahan serat

d.    Wosing serat

e.    Adangiyah
16. Tembung “ingkang sembah sungkem” menika nedhaken unggah-ungguh serat saking tiyang ...
a.    Sepuh dhateng ingkang anem

b.    Sepuh dhateng putra wayah

c.    Anem dhateng sasaminipun

d.    Anem dhateng sesepuh

e.    Kawula dhateng Gustinipun

17. Tembung “ingkang sembah pangabekti” menika minangka peranganipun serat ingkang dipunwastani...
a.    Satata basa
b.    Adangiyah
c.    Pakurmatan

d.    Salam

e.    Pangabekti
18. Keparengan angrerantu rawuhipun panjenengan ing griya kula, Janten, Sendangsari, pengasih, Kulon progo, saperlu paring tambahing do’a pangestu dhateng anak kula.
Dinten : Minggu pon. 7 April 2017

Wanci : 09.30 WIB

Andharan serat ing nginggil menika nggambaraken jenis serat...

a.    Iber-iber
b.    Ulem
c.    Kitir
d.    Lelayu
e.    Nawala
19. Serat ingkang wosipun panyuwunan saking tiyang ingkang kagungan kersa dhumateng tiyang sanes supados rawuh wonten ing papan ingkang sampun katemtokaken menika dipunwastani serat...
a.    Iber-iber
b.    Ulem
c.    Kitir
d.    Lelayu
e.    Nawala
20. Sampun tinimbalan sowan wonten ing pangayunananing Gusti Allah. tuladha pethikan wosing serat menika nggambaraken pethikan serat...a.    Iber-iber
b.    Ulem
c.    Kitir
d.    Lelayu
e.    Nawala
21. Uyon-uyon ingkang wonten ing pagelaran wayang menika dipunwastani..,.
a.    Karawitan

b.    Talu

c.    Klenengan

d.    Gadhon
e.    Cokekan
22. Uyon-uyon ingkang ngginakaken instrumen saperangan tanpa instrumen bonang, kenong, kethuk, kempul menika dipunwastani...
a.    Karawitan

b.    Talu

c.    Klenengan

d.    Gadhon
e.    Cokekan
23. Uyon-uyon ingkang namung ngginakaken kendhang, siter, gender, rebab saha gong ageng menika dipunwastani...

a.    Karawitan

b.    Taluc.    Klenengan

d.    Gadhon
e.    Cokekan
24. Tukang nabuh gamelan menika dipunwatani...

a.    Wiraswara

b.    Wiraswarawati

c.    Niyaga

d.    Penabuh

e.    Dhalang
25. Syair/ tetembungan ingkang wonten ing salebetipun tembang menika dipunwastani...
a.    Cakepan

b.    Cengkok

c.    Senggakan
d.    Pedhotan

e.    Laras
26. Ukuran andhap inggilipun swanten kangge nyekaraken tembang menika dipunwastani...

a.    Pedhotan

b.    Pathet

c.    Senggakan

d.    Cakepan
e.    Laras
27. Tembang ingkang kasekaraken sareng kaliyan gamelan kangge nyarengi gendhing menika dipunwastani...

a.    Gerong

b.    Sindhenan

c.    Irama

d.    Bawa

e.    Buka
28. Tembang ingkang kasekaraken kangge miwiti gendhing tanpa kairing tabuhan gamelan menika dipunwastani...

a.    Gerong

b.    Sindhenan

c.    Irama

d.    Bawa

e.    Buka
29. Ayo kanca, ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kene-kene gugur gunung tandang gawe

Tembung praja wonten ing salebetipun lancaran menika tegesipun..

a.    Rakyat
b.    Raja
c.    Gotong royong
d.    Padamelan
e.    Gegayuhan
30. Gendhing uyon-uyon ing nginggil menika irah-irahanipun inggih menika...
a.    Kanca tani
b.    Udan mas
c.    Kebo giro
d.    Lumbung desa
e.    Gugur gunung
Kagatosna wacana aksara Jawa ing ngandhap menika!

?amen=zijm[nHfn\,[awuhayai=pmB|fi,

[mlu[af[nHortan\[ynT[nMlua=zL[konNi,

[boykfum[nMlik\klixnWeksnNipun\fillhk/sAlh,

begJbegJ[nk=lli,luwihbegJk=[ali=lwnWsPd. 

31. Pethikan wacana aksara Jawa ing nginggil menika anggitanipun pujangga Surakarta ingkang asmanipun..

a.    Ranggawarsita
b.    Pakubuwana

c.    Purbacaraka

d.    Hamengkubuwana

e.    Purwadarminta
32. Wacana ing nginggil menika nggambaraken kahanan ing jaman..
a.    Edan
b.    Kalabendu
c.    Kalatidha

d.    Perang

e.    Samsara
33. Saking wacana ing nginggil menika kasebataken “yen tan melu anglakoni ...”
a.    Bakal becik
b.    Bakal komanan
c.    Boya kaduman
d.    Boya komanan
e.    Bakal menang
34. Tegesipun tembung wekasan ingkang wonten ing wacana nginggil inggih menika...

a.    Pungkasan

b.    Pepeling

c.    Piwulang

d.    Pesen

e.    Pisanan
35. Piwulang ingkang saged dipunpikantuk saking wacana ing nginggil inggih menika “begja-begjane kang lali, luwih begja kang ...”

a.    Eling lawan waspada

b.    Bener lawan eling

c.    Bener lawan waspada

d.    Becik lawan waspada
e.    Eling lawan becik

36. Tandha adeg-adeg ing wacana aksara jawa menika ginanipun kangge...
a.    Miwiti nulis ukara/ alinea

b.    Misahaken gatra utawi ukara

c.    Misahaken ukara

d.    Nutup pungkasanipun gatra

e.    Nutup seratan jawa

37. Cacahipun aksara jawa nglegena menika wonten
a.    10

b.    20

c.    30

d.    40

e.    50

38. Sing ngandhut tafsiran luhur. Ukara menika menawi kaserat kanthi aksara jawa inggih menika...


a.    ?si=zndutTp+Si/rnL|au/.


b.    ?si=znD|tTp+Si/rnL|au/.


c.    ?si=znD|tp+Si/rnL|au/.


d.    ?si=znD|tTpSi/rnL|au/.


e.    ?si=znD|tTp+SirnL|au/.


39. Kambil cacah 2 kecemplung blumbang. Ukara menika menawi kaserat kanthi aksara jawa inggih menika...


a.    ?kmBilCch;2;kecemPL|=bL|mB=.


b.    ?kmBilCchlorokecemPL|=bL|mB=.


c.    ?kmBilCch;2; [k[cmPL|=bL|mB=.


d.    ?kmbilCch;2;kecemPL|=bL|mB=.


e.    ?kmBilCch;2;kecempelu=bL|mB=.


40. Pak Umar wis krungu adzan. Ukara menika menawi kaserat kanthi aksara jawa inggih menika...


a.    ?pk\Um/wisÑ)zuAf+n\,


b.    ?pkUm/wisÑ)zuAf+n\,


c.    ?pk\Om/wisÑ)zuAf+n\,


d.    ?pk\Um/wisÑ)zuaf+n\,


e.    ?pk\Um/wisÑ)zuAfn\,


Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT JAW A Layang utawi nawala inggih menika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah satunggaling  piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih menika : a. Surat (layang) resmi, b. Surat ( layang ) dinas, c. Surat ( layang) niaga, d. Surat (layang) pribadhi. Layang resmi, dinas, lan niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika wujudipun kadosdéné layang limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang menika kalebet layang pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau dipunginakaken pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi sanès perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung...

Pranatacara

Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut nglestantunaken kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep gadhah kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara. Pranatacara inggih menika p araga ingkang gadhah jejibahan mranata lam p ah utawi ngatur titilaksana utawi urut-urutani p un lam p ah saderengi p un tuma p ak ing satunggali p un p asamuan, p e p anggihanm wiwahan, p are p atan, ls p. ...
CERKAK Hakikat Cerkak Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak cendrung padhet saha langsung wonten ancasipun, bilih dipuntandhingaken kaliyan karya-karya fiksi ingkang langkung dawa, kados dene Novella (kanthi teges modhern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken  teknik-teknik  sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha  insight  kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung dawa.   Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos  lisan  ingkang wisuwur. Cariyos-cariyos kasebat adatipun kaaturaken kanthi wujud geguritan ingkang wonten wiramanipun. Wirama kasebat nggadhahi paedah minangka piranthi kangge tetulung supados tiyang saged ngeling-ngeling cariyosipun. Perangan cekak saking cariyos-cariyos menika punjeripun saking perangan naratif ingkang kaaturaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak....