Nagari Indonesia
kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang
mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara
mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunlestantunaken.
Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing
jaman rumiyin ateges sampun tumut nglestantunaken kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun
ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat
sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep gadhah kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing
upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti
laksana, utawi panatacara.
Pranatacara inggih menika paraga
ingkang gadhah jejibahan mranata lampah utawi ngatur
titilaksana utawi urut-urutanipun lampah
saderengipun tumapak ing satunggalipun
pasamuan, pepanggihanm
wiwahan, parepatan, lsp. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi
laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang Pranatacara,
ananging beda jejibahan.
Pranatacara saged
kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:
1. Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pranatacara langkung
rumiyin lajeng dipun-apalaken
tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados,
ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening
teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng
saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken
dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2. Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks
menika juru pranatacara saestu mbekta naskah
lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara
menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu
saha wekdalipun winates.
3. Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika acara ingkang boten
kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe mranatacara dipun-aturi ngayahi kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi
mranatacara
ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah
ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa mranatacara. Sangunipun cara mranatacara dadakan
menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.
4. Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pranatacara
ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut
urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi
garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting
Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras
kaliyan swasana utawi keperluan.
Pranatacara, miturut isi lan basanipun, gadhah
sipat-sipat: ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, populer, ilmiah, mligi utawi umum.
Kejawi punika, nalika nindakaken Pranatacara sawijining
paraga kedah anggadhahi sangu utawi syarat:
1. Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala pranatacara kedah nedahaken tata krami utawi trapsila, inggih menika solah
bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten
dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing
pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen.
2. Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan ngadi sariranipun
kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan
“ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos
karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger
saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.
3. Basa lan sastra
Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi
lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa
dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah.
Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah
migatosaken:
a. sinten ingkang gineman
b. sinten ingkang dipunajak gineman
c. sinten ingkang dipunginemaken
d. swasana nalikanipun gineman
e. sami mangertosi ingkang dipunginem.
Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken
Pranatacara mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan
saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti
swasana, wekdal, lan kabetahanipun.
(Kabesut sakingTuntunan Pranatacara saha Paniti Laksana dening
Drs. Sutardi Atmasandjaja, kanthi
ewah-ewahan sawetawis)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut
Ancas utawi Tujuan:
1. Pranatacara pambagyaharja
2. Pranatacara mamitaken jenazah
3. Pranatacara ngarahaken sawijining
bab ing pakempalan
4. Pranatacara ngresmekaken (madegipun
papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5. Pranatacara pamedhar sabda
6. Pranatacara palapuran (ing
pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut Isi saha Basa:
1. Pranatacara ringkes lan prasaja
2. Pranatacara rowa lan rinengga
3. Pranatacara popular
4. Pranatacara ilmiah
5. Pranatacara mligi utawi umum
Dados pranatacara menika kedah gadhah
sangu ingkang langkung jangkep,
ing antawisipun:
a. Olah
Swara: logat pocapan, napas, teges,
cetha, boten blero/ bindheng, membat mentulipun swanten, njiwani.
1) Logat
Nalika upacara resmi
ingkang dipunanggep baken logat
(cara/ lagu micara), inggih menika Sala saha Ngayogyakarta. Boten ngginakaken
dhialek Madura, Banyumas, menapa
ugi Kebumen. Nanging nalika santai
angsal ngginakaken dhialek.
2) Pocapan utawi
wicara
Pocapanipun kedah cetha, las-las, boten
bindheng, saha boten blero.
3) Wirama
Wonten swanten
panjang menapa ugi cekak,
andhap
menapa ugi inggil,
boten namung ajeg, diolah kanthi becik dipunwastani olah swanten. Olah vokal ing panggung hiburan menika beda kaliyan
olah vokal ing upacara
temanten. Beda ugi kaliyan olah vokal
ing upacara
sripah, beda ugi
ing upacara
pasamuan utawi
rapat.
4) Wirasa
Nalika micara
nglaras suraos. Umpaminipun acaranimun
menika seneng-seneng prayoginipun ingkang
gumyak, nanging menawi tata cara pangrukti laya utawi bela sungkawa menika kedahipun sareh alus.
Menawi wonten ing rapat,
wirasanipun
menika dipundamel
prasaja.
b. Olah
basa lan Sastra
Olah basa saha
sastra : pamilihing
tembung, purwakanthi,
sekar, suluk, panyansra,
paribasan, pepindhan,
wangsalan, lan sapanunggilanipun.
c. Olah
Raga
Olah raga
wonten ing mriki menika beda kaliyan olah raga (gerak badan). Tegesipun olah raga ing
pranatacara
menika gegayutan kaliyan pangolahipun raga supados solah
bawa utawi tindak tanduk jumbuh kaliyan jiwa pranatacara ingkang empan papan.
1) Magatra
: patrap wajar boten
dipundamel-damel
2) Malaksana
: luwes, boten ingah-ingih
3) Mawastha
: jejeg, boten kendho/ dhoyong
4) Maraga
: boten rongeh/ edheg/ gumeter, nanging kedah mantep
5) Malagawa
: enthengan, trengginas
6) Matanggap : tanggap marang swasana (remen, sedhih)
7) Mawat
: ngentasi karya (Sudiyatmana, 1918)
d. Olah
Busana
Busana ingkang
dipunagem dening pranatacara
menika kedah jumbuh kaliyan adat saha swasananipun. Wonten unen-unen ajining dhiri
dumunung ana ing lathi, ajining raga gumantung saka busana. Tegesipun unen-unen
menika inggih menika bilih tiyang menika dipunajeni menapa boten
gumantung saking wicaranipun
(saged dipunpercaya,
mentas, wicaksana, saha sapanunggilanipun) saha
busananipun
(pantes, gandhes
luwes, merbawani, saha sapanunggilanipun)
Tuladha Teks Pranatacara:
PANATACARA
ING ADICARA SYAWALAN
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Karaharjan,
katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah
kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.
Nuwun,
para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dhahat kinabektèn.
Para pangembating praja ingkang
sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu,
para kadang sepuh
anem, para rawuh kakung miwah
putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Keparenga kula
mambeng saha nggempil
kamardikan panjenengan sadaya,
awit kula piniji saking panitia, kinèn ngaturaken urut
reroncèning acara ing wekdal menika. Namung sadèrèngipun kula ngaturaken rantamaning acara menika, sumangga kula
dhèrèkaken ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti
Ingkang Maha Agung,
karana sih wilasa
miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika saged
makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubéda nir ing sambékala.
Amin.
Nun inggih
para lenggah ingkang
sinuba ing pakurmatan,
keparenga panatacara murwani lekasing sedya ingkang menika énggal badhé binuka lampahing
titilaksana acara syawalan, kanthi ngaturaken reroncèning acara ingkang sampun
karantam déning panitya, nun inggih:
1.
(Acara ingkang angka sepisan) pambuka
2.
(Angka kalih) waosan kitab suci Al-Qur’an
3.
(Déné ingkang angka tiga inggih menika) atur pambagyaharja
4.
(Acara angka sekawan) pratignya syawalan saking wiranèm
5.
(Ingkang angka gangsal) pratignya syawalan saking warga
6.
(Déné ingkang angka enem) pratignya syawalan saking pengurus
7.
(Acara ingkang angka pitu) inggih menika panampining pratignya syawalan
8.
(Acara ingkang angka wolu) inggih menika jawat asta
9.
(Acara ingkang angka sanga) inggih menika suméné sawetawis
10. (Tataran acara ingkang angka
sedasa) katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan
11. (Ndungkap acara ingkang angka
sewelas utawi ingkang pungkasan) inggih menika panutup
Mekaten para
rawuh ingkang minulya,
rantamaning adicara ing
kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara, sumangga kula
dhèrèkaken sesarengan manungku puja konjuk
wonten ngarsa dalem
Allah ingkang Maha
Agung, miturut agami
saha kapitadosanipun
piyambak-piyambak. Sumangga kula dhèrèkaken.
................................................................................................................................................
Cekap, matur nuwun.
Para
lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih inggih menika waosan
kitab suci Al-Quran. Pramila dhumateng
paraga ingkang sampun
kapiji nenggih sedhèrèk................... kula sumanggakaken. Kaaturaken aguning panuwun dhumateng sedhèrèk
............. mugi-mugi amal saé
panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten
ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken
rahmatipun. Amin.
Bapak-bapak,
ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, dungkap acara ingkang
angka tiga inggih
menika atur pambagyaharja saking
pangarsaning panitya ingkang
badhé dipunsalirani déning panjenenganipun bapak............. dhumateng
penjenganipun bapak ............ kula sumanggakaken.
Para
rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten atur pambagya saking pangarsaning
panitya, kanthi terang trewaca wijiling pangandika ngaturaken pambagya.
Salajengipun, acara ingkang angka sekawan inggih menika inti acara saking para
wiranem kukuban ............. ingkang badhé dipunsalirani déning sedhèrèk
....... dhumateng sedhèrèk ................................. kula
sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng sedhèrèk .......... minangka sulihipun para mudha wewengkon........... Salajengipun,
adicara ingkang angka gangsal inggih menika pratignya syawalan saking warga
kukuban ............. ingkang
badhé dipun sarirani
dening panjenganipun bapak
....... minangka wakiling sedaya
warga. dhumateng panjenganipun
bapak
.................................
kula sumanggakaken.
Agunging
panuwun katur dhumateng panjenenganipun bapak ....................... ingkang
sampun kepareng nyulihi sedaya
warga. Pratignya syawalan
salajengipun inggih menika
saking pengurus wewengkon ........................., ingkang badhé dipunsalirani dening panjenenganipun bapak
....................... dhumateng
panjenganipun bapak ................................. kula sumanggakaken.
Sampun
purna pangandikan saking panjenganipun Bapak ......... minangka sulihing sedaya
pengurus.
Para
lenggah ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka pitu inggih menika
panampining pratignya syawalan saking
para wiranem, saking sedaya warga tuwin saking para pengurus dening sesepuh
pangarsaning wewengkon ...................... ingkang badhé katindakaken déning
panjenganipun bapak........................ dhumateng penjenganipun bapak .............................. wekdal kula
sumanggakaken.
Terang trewaca
wijiling pangandikan saking
panjenganipun bapak ................ nampi saha
hananggapi pratignya syawalan ingkang sampun katur ing ngajeng. Dhumateng
pajenganipun bapak ................... kula aturaken agunging panuwun.
Para
rawuh ingkang minulya, dungkap acara ingkang angka wolu inggih menika jawat
asta. Dhumateng panjenganipun bapak
sesepuh pangarsaning kampung kasuwun kapareng jumeneng, nampi jawat asta kawiwitan saking para pinisepuh, lajeng para pengurus,
kasambet dening sedaya warga, mekaten ngantos waradin. Wekdal sacekapipun kula
sumanggakaken.
Para
rawuh ingkang dahat kinurmatan, atur uninga bilih acara ing kalenggahan menika
dèrèng purna. Tataran adicara
ingkang angka sanga inggih menika suméné sawetawis. Dhumateng para
rawuh, sumangga kepareng lenggah kanthi mardikaning penggalih ngrahabi dhaharan
saha unjukan ingkang sampun kacawisaken déning panitya. Minangka panglipur
sawetawis, badhé katur pasugatan lumantar pita swara. Dhumateng kadang panata
swara kula sumanggakaken.
Nuwun
para lenggah ingkang dahat kinurmatan,
kepareng sumela atur, ndhèrèk nggempil kamardikan panjenengan sami, awit badhé
katur sambeting adicara.
Jumbuh kaliyan
urut reroncèning acara
ingkang sampun katur
wonten ngajeng, tataran adicara ingkang angka sedasa inggih menika hikmah syawalan
ingkang badhé dipunwedhar déning panjenenganipun bapak ..................
dhumateng panjenenganipun bapak ............ wekdal saha papan kula
sumanggakaken.
Mekaten para rawuh, katerangan bab syawalan saking
panjenenganipun bapak ..................mugi-mugi sageda andayani
tambahan seserepan saha
kathah gina paedahipun tumrap kula
lan panjenengan sedaya. Dhumateng bapak ................................
kula aturaken agunging panuwun.
Para
lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih
menika panutup. Sumangga pepanggihan ing
wekdal menika kapungkasi sesarengan kanthi atur panuwun wonten ngarsaning
dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, déné
acara syawalan ing kalenggahan menika
saking purwa, madya,
dumugi wasana saged
kaleksanan kanthi raharja
tebih saking sambékala. Donga
puji syukur kula sumanggakaken miturut agami saha kapitadosanipun piyambak-
piyambak, sumangga............................................................................................................
Cekap, matur nuwun
Mbok
bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten
ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita,
basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing
agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur,
mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Komentar
Posting Komentar