SOAL TAMBAHAN
Presiden
Jokowi Badhe Tindak Wonten Pusat
Teknologi AS
Presiden
Jokowi dipunpesthikaken bakal tindak dhateng pusat teknologi AS ing Silicon Valley
ing surya kaping
16-17 Februari 2016 samangke. Rawuhipun menika dipunjadwalaken sabibaripun kundur saking Konferensi Tingkat
Inggil ASEAN-AS.Informasi bab kunjungan Presiden Jokowi ing Silicon Valley
menika kasumerepan
saking jadwal acara ingkang dipunpratelakaken dening Ismail Cawidu, juru
ginem Kementrian Komunikasi saha Informatika.
Menteri
komunikasi saha informatika, Rudiantara ugi ngleresaken informasi ngengingi
kunjungan kasebat.“Rencananipun
mekaten,” miturut jaler ingkang akrab dipuntimbali Chief RA menika. Ing
salebetipun
jadwal menika, presiden
Jokowi dipunsebataken
badhe kepanggih
kaliyan diaspora
saking Indonesia ing surya kaping
16 Wulan Februari 2016.Lajeng enjingipun, presiden
Jokowi enggal ngunjungi kantor-kantor teknologi, ing antawisipunwonten kantor ageng Facebook,
Google, saha Twitter.
Kalodhangan
menika badhe dipunginakaken
kangge pinanggih
kaliyan CEO ing babagan IT.Ing salebetipun kunjungan kasebat, presiden dipunjadwalaken ngrembag pangrembakanipun industri e-commerce, mliginipun wonten ing Indonesia.Menawi sios kalampahan, kunjungan ing Silicon Valley
menika badhe dados kunjungan ingkang sepisan tumrapipun presiden Jokowi.Warsa kapengker, presiden Jokowi sejatosipun sampun dipunjadwalaken badhe tindak dhateng puser teknologi AS kasebat, nanging
boten sios amargi perkawis
kabut asap
ing mapinten-pinten tlatah ing Indonesia.
Kapethik saking www.pawartabasajawa. blogspot.co.id. (kanthi ewah-ewahan sawetawis)
Mangsuli pitakenan:
1) Menapa tema artikel ing nginggil?
2) Menapa ide pokok paragraf satunggal ?
3) Kaandharna isi pokok waosan artikel ing nginggil!
4) Kaandharna pesan moral ingkang kinandhut ing artikel menika!
5) Kadamelna reringkesaning waosan ing nginggil!
Komentar
Posting Komentar